Forum Ibu Hamil dan Kehamilan Daftar di IbuHamil.com untuk ikutan diskusi seputar kehamilan

  Forum Ibu Hamil dan Kehamilan > Diskusi Seputar Kehamilan > Diskusi Umum

Selamat datang di IbuHamil.com, sebuah forum seputar kehamilan. Untuk bertanya atau diskusi dengan bumil lain, silakan bergabung dengan komunitas kami.
  #1  
Old
Hamida...   TS 
 
Location: bandar lampung
Posts: 146
Default Wong wadon kudune

1. Dawaamul hayaa'i min zaujihaa
Langgeng anggone isin karo sing lanang,

lha kowe... jaman mbiyen pas manten anyar isinan, malu-malu... nisbate kudu ngentut ae diempet, isin karo aku, lha saiki, isinmu wis ilang, saiki awakmu wis ilang roso isin'e, ngentut yo prat-pret sak gelem-gelem...!!

2. Wa Ghodl-dlu Thorfihaa Quddaamahu
Nang ngarepe wong lanang iku pantese ndingkluk, amrih nuduhno hormate

lha awakmu... di kandani malah ngajak duel karo mecicili aku!!

3. Wath-thoo'atu li amrihii
Nurut karo printahe wong lanang, kejobo printah sing nerak syare'at, kowe kudu manut

lha awakmu, tak kongkon gawe kopi ae malah nyentak-nyentak aku... cincing-cincing jarik, karo muring-muring ngamuk ora ngurus perasaane aku,

4. Wassukuutu 'inda kalaamihii
Nek wong lanang lagi ngomong, rungokno

OJO malah wong lanang ngucap sekecap rong kecap awakmu mbales puluhan kecap... Aku ngomong rung rampung awakmu nek mbales koyo suarane mercon pas wulan poso

5. Walqiyaamu 'inda Quduumihii wa khuruujihii
Nek wong lanang arep budal tindakan utowo lungo nyambut gawe, wong wadon kudu nganter tekan ngarep lawang, sinambi dongakno, umpamane sing lanang kundur, wong wadon kudu nyambut rawuhe wong lanang kanthi ajere rah

lha awakmu... aku mangkat kerjo ora ngurus, aku teko kerjo, koe ya cuek...!!

6. Wa 'ardlu nafsihaa lahu 'inda irodatin nauumi
Misalkan wong lanang arep nyare, melbu kamar, wong wadon kudune towo awakke "ajheng ngersakke nopo mas...?"

lha awakmu... tak jak turu bareng ae wegah, luwih mentingke nonton sinetron lan pesbukan.... Ngeneku ora garing kasih sayang piye jal??

7. Wa ta'ath-thuru.
Koe mbok tuku minyak wangi, wong wadon iku kudu gae wewangen, ben sing lanang semangat tur tambah dèmèn

8. Wa ta'ahhuduha alfamma bilmiski wath-thoibi.
Sikatan koe tak sawang-sawang kok yo jarang sikatan untu... syukur-syukur nganggo pengharum mulut ben aku tambah betah

9. Wa dawaamuz ziinati bikhudlrotihii wa tarkuhaa 'inda Ghoibatihii
Wong wadon iku kudu macak, nganggo pepaes menawane sing lanang nang omah, amrih nyenengke atine wong lanang, ninggal macak utowo pepaes menawane sing lanang ora nang umah

lha koe... aku nang umah malah nganggone ora genah karo rambute dawul-dawul koyo gendruwo mari lahiran... Pas arep budal arisan utowo kondangan nek macak moblong-moblong koyo ondel-ondel.

10. Watarkul khiyaanati lahu

Ojo nyidrani tresnane wong lanang.

lha kowe... angger ono Bronis malah caper....!, Eling , anakmu wes selikur, Diluk maneh yo arep duwe putu..

---------- Post added at 06:58 ---------- Previous post was at 06:56 ----------

Sekedar mengingatken kaum hawa. Wabil khusus saya sendiri. Semoga bisa mengamalken dawuh mbah yai

Menjadi istri yg sholeha آمين..
 
  #2  
Old
itoel...
 
Location: Slamet, Tumpang, Malang
Posts: 1,331
 
no 9. pas aku macak d omah, jare bojoku : kate nang endi se kok macak, biasa ae gak usah aneh-aneh. Jareku : beneran, gak repot2 macak, wong dasare gak seneng macak.

no 10. Aku : Mas, aku mang metu wong loro karo wong lanang loh. Bojoku : Paling nang kediri karo pak i nek gak pak d. Mosok yo kate nyupir dewe, yo wis mestine karo supir lah. Aku: jan gak ono cemburune blas i... Bojoku : urusan penggawean, gak usah cemburu
 
  #3  
Old
Hamida...   TS 
 
Location: bandar lampung
Posts: 146
 
Yo penak nuw. Yen ditakoni kok macak yo ngomong demi sampian mas.. ngunu mbak

Lah yoo podo bae kaaro bjoku. arang cemburuu.. hhhahha
 
  #4  
Old
youngm...
 
Posts: 198
 
Ga ngerti
 
Silakan daftar untuk menulis pesan :-)


Topik yang mirip
Thread Thread Starter Forum Replies Post Terakhir
Wong kito galo -- Kenalan Yuk! 1
bunda" da g nich yang wong jawa timur khususnya blitr... yuk'z bund merapat -- Kenalan Yuk! 0


Zona waktu GMT +7. Waktu saat ini adalah 04:21.


IbuHamil.com - Forum Informasi Kehamilan
Forum diskusi kehamilan dan komunitas ibu hamil terbesar di Indonesia
© 2024 IbuHamil.com